Kamis, 18 Desember 2008

Tembang Pati

Poro sederek sedoyo
Jalwestri, enom lan tuwo
Elingo mbesok bakal tinimbalan
yen tinimbalan rakeno wakilan

Timbalane kang Moho Kuwoso
Gelem ora, bakal dipekso
Diklambeni mori
Yen wis budal rakeno bali

Nitih kreto
Roda papat sirah manungso
Jujugane mlebu guwo
Tanpo bantal, raono kloso

Den nduwure dipasang andang
Diuruk, disiram kembang
Sanak kadang podo nyawang
Podo nangis kelawan nembang

Made by Areyess
Inspired by Ipoel




































































































































Tidak ada komentar:

Posting Komentar